Karya TIK kelas 2. Tema Ultah KWB

Ulrah KWB

Ultah KWB

kwb1

kwb2

kwb3

Soal latihan

PERSIAPAN ULANGAN SEMESTER I
Tahun Pelajaran 2012 – 2013
Mata Pelajaran : Bahasa Daerah
Kelas : V (Lima)
Materi : Buku Wasis Basa Pelajaran 1 – 4
Garapen manut perentahe!
1.Siti menehake tugas marang gurune.Krama aluse … .
2.Pak Sampurna nyuwun Karang Taruna gelem melu kerja bakti.
Ukara ing ndhuwur ngoko lugune … .
a.Pak Sampurna nyuwun Karang Taruna kersa ndherek kerja bakti.
b.Pak Sampurna njaluk Karang Taruna kersa ndherek kerja bakti.
c.Pak Sampurna njaluk Karang Taruna gelem melu kerja bakti.
d.Pak Sampurna nyuwun Karang Taruna badhe kerja bakti.
3.Tembung sing ndhuweni teges ora sakbenere diarani … .
4.Unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, emper-emperan diarani … .
a.pepindhan b.parikan c.entar d.wangsalan
5.Gawea ukara nganggo tembung”tipis lambene”!
6…. kaya alas kobong.
Tembung sing cocog kanggo ngisi titik-titik ing ndhuwur yaiku … .
a.Jogede b.Landhepe d.Suguhane d.Wangsulane
7.Sing kaya jangkrik mambu kili iku … .
a.dedege b.tandange c.sambate d.panase
8.Ing palayatan akeh udan tangis.
Udan tangis tegese … .
9.Siswa kelas lima lagi nggarap ujian.
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara … .
a.pitakon b.tanduk c.tanggap d.pakon
10.Mas Agus (suwun) dhuwit kanggo bayar SPP.
Tembung ing njero kurung benere … .
11.Ukara tanggap yaiku ukara kang wasesane rupa tembung kriya tanggap entuk ater-ater … .
12.Aja kopangan sega kuwi!
Ukara ing ndhuwur owahana dadi ukara tanduk!
13.Tulisen 3 tuladane tembung saroja!

14. Nelayan
Dening : Bapake Abiem
apa sing kelap kelip ing tengah segara kae?
sajake dudu cahyane lintang
kowe ngerti kadang
kae lampune kapal
ing tengah wengi
nelayan budhal golek iwak
tumuju segara jembar ngilak-ilak
yen wis esuk dheweke teka
oleh-olehe iwak tongkol, iwak cakalang
bisa diedol menyang pasar
nelayan golek iwak
dhuwite bisa kanggo nyekolahake anak
Sidoarjo, 2006
Karangan ing ndhuwur iku diarani … .
15.Ibu … pasar, adhik lunga sekolah.
Tembung sing mathuk kanggo ngisi titik-titik yaiku … .
16.Wis (tutur) ibune bola-bali tetep ora digugu.
Tembung tutur benere … .
a.dituturi b.daktuturi c.nuturi d.koktuturi
17.Surate wis dakwaca.
Yen didadekake ukara tanduk dadi … .
a.Wis dakwaca surate. c.Surate wis dakwaca.
b.Aku wis maca surate d.Surate apa wis kowaca?
18.Sing dudu ukara tanggap yaiku … .
a.Naning maca buku ing perpustakaan c.Bukune wis dakwaca
b.Surate apa wis kokwaca? D.Wingi sore latar disapu Ina
19.Cacahe wanda saben gatra diarani … .
20…. sing menang sayembara ngangkat gendewa?
Tembung pitakon sing cocog kanggo ukara pitakon ing ndhuwur yaiku … .
21.Mas Parman pancen dawa tangane, kowe kudu ngati-ati marang dheweke.
Tembung dawa tangane tegese … .
22.Gawea ukara nganggo tembung “tumpang tindhih”!
23.Ditakoni kok ngembang suruh, aja … .
24.Dadi bocah kok ngrokok cendhak, senengane … .
25.Unen-unen kang ngemu teges bedhekan utawa batangan, kaya dene cangkriman utawa tebakan nanging sejatine batangane wis kasebutake ing perangan candhake diarani … .
a.pepindhan b.saroja c.wangsalan d.entar

TUGAS EDITING KELAS VI

Latihan Soal kls 6

EDITING KELAS V

LATIHAN SOAL

Contoh Materi TIK kelas 6 semester 1

TIK – Rakhma Agustina-kelas6

Contoh Hasil Karya TIK Siswa Kelas 2




Lmbr Soal Latihan VI

Slideshow ini membutuhkan JavaScript.

Soal Latihan Kelas 6

Latihan Soal Smtr I Kls VI

Lmbr Soal latihan Kls V

Slideshow ini membutuhkan JavaScript.

Belajar Paint: langkah paling awal menjadi desain grafis..

jilid-2-ktsp

Previous Older Entries